Selamat Datang di MyNET - Singojuruh. Selain Jasa Internet, Kami Juga Melayani Pengetikan,Penjilitan, Undangan, Printing, Cetak Foto (Camera/HP), Editing,dan Juga Jual PULSA (Kerja Sama Dengan MyCELL). Terima Kasih Atas Kunjungan Anda.

Mynetku Mynetmu Mynet Kita

Mynetku Mynetmu Mynet Kita

Rabu, 01 Januari 2014

KAWRUH BASA JAWA LENGKAP





PARIBASAN
A
Adhang-adhang tetese embun : njagakake barang mung sak oleh-olehe.
Adigang, adigung, adiguna : ngendelake kekuwatane, kaluhurane lan kepinterane.
Aji godhong garing (aking) : wis ora ana ajine / asor banget.
Ana catur mungkur : ora gelem ngrungokake rerasan kang ora becik.
Ana daulate ora ana begjane : arep nemu kabegjan nanging ora sida (untub-untub).
Ana gula ana semut : papan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anak polah bapa kepradah : tingkah polahe anak dadi tanggungjawabe wong tuwa.
Anggenthong umos (bocor/rembes) : wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mongso : golek waktu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan : ngulatake kahanan menawa kalimpe banjur dicolong.
Arep jamure emoh watange : gelem kepenake ora gelem rekasane.
Asu rebutan balung : rebutan barang kang sepele.
Asu belang kalung wang : wong asor nanging sugih.
Asu gedhe menang kerahe : wong kang dhuwur pangkate mesti bae gede panguwasane.
Asu marani gebuk : njarak / sengaja marani bebaya.
Ati bengkong oleh obor : wong kang duwe niyat ala malah oleh dalan.
B
Baladewa ilang gapite (jepit wayang) : ilang kekuwatane / kaluhurane.
Banyu pinerang ora bakal pedhot (sigar) : pasulayan sedulur ora bakal medhotake sedulurane.
Bathang lelaku : lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani.
Bathok bolu isi madu (bolong telu) : wong asor nanging sugih kepinteran.
Blaba wuda : saking lomane nganti awake dhewe ora keduman.
Bebek mungsuh mliwis : wong pinter mungsuh wong kang podho pintere.
Becik ketitik ala ketara : becik lan ala bakal konangan ing tembe mburine.
Belo melu seton (malem minggu) : manut grubyuk ora ngerti karepe (taklid).
Beras wutah arang bali menyang takere : barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune.
Bidhung api rowang : ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi.
Balilu tan pinter durung nglakoni (bodho) : wong bodho sering nglakoni, kalah pinter ro wong pinter nanging durung tau nglakoni.
Bubuk oleh leng : wong duwe niyat ala oleh dalan.
Bung pring petung : bocah kang longgor (gelis gedhe).
Buntel kadut, ora kinang ora udud : wong nyambut gawe borongan ora oleh mangan lan udud.
Buru (mburu) uceng kelangan dheleg : golek barang sepele malah kelangan barang luwih gedhe.
Busuk ketekuk, pinter keblinger : wong bodho lan pinter padha wae nemu cilaka.
C
Carang canthel : ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.
Car-cor  kaya kurang janganan : ngomong ceplas-ceplos oran dipikir disik.
Cathok gawel (timangan sabuk) : seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.
Cebol nggayuh lintang : kekarepan kang ora mokal bisa kelakon.
Cecak nguntal cagak (empyak) : gegayuhan kang ora imbang karo kekuwatane.
Cedhak celeng boloten (gupak lendhut) : cedhak karo wong ala bakal katut ala.
Cedhak kebo gupak :  cedhak karo wong ala bakal katut ala.
Ciri wanci lelai ginawa mati : pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
Cincing-cincing meksa klebus : karepe ngirit nanging malah entek akeh.
Criwis cawis : seneng maido nanging yo seneng menehi/muruki.
Cuplak andheng-andheng, yen ora pernah panggonane bakal disingkirake : wong kang njalari ala becike disingkirake.
D
Dadiya banyu emoh nyawuk, dadiya godhong emoh nyuwek, dadiyo suket emoh nyenggut : wis ora gelem nyanak / emoh sapa aruh.
Dahwen ati open (seneng nacad) :  nacad nanging mbenerake wong liya.
Dandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dandhang : ala dianggep becik, becik dianggep ala.
Desa mawa cara, negara mawa tata : saben panggonan duwe cara utawa adat dhewe-dhewe.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : tansah diparingi slamet, ora ana kang ngganggu gawe.
Digarokake dilukoke : dikongkon nyambut gawe abot.
Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat :  wong kang kenceng karepe ora kena dipenggak.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : diwenehi sithik ora trima, malah njaluk sing akeh.
Dom sumuruping mbanyu : laku sesideman kanggo meruhi wewadi.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan : senajan wong liya yen lagi nemoni rekasa bakal dibelani.
Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-wingi : wong kang nesu banget.
Dudutan lan anculan (tali memeden sawah) : padha kethikan, sing siji ethok-ethok ora ngerti.
Durung pecus keselak besus : durung sembada nanging kepengin sing ora-ora.
E
Eman-eman ora keduman : karepe eman malah awake dewe ora keduman.
Emban cindhe emban siladan (slendang iratan pring) : pilih kasih / ora adil.
Embat-embat celarat (klarap) :  wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget.
Emprit abuntut bedhug : perkara sing maune sepele dadi gedhe / ngambra-ambra.
Endhas gundul dikepeti : wis kepenak ditambahi kepenak maneh.
Endhas pethak ketiban empyak : wong kang bola-bali nemu cilaka.
Enggon welut didoli udhet : panggone wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepirowa.
Entek ngamek kurang golek : anggone nyeneni/nguneni sakatoge.
Entek jarake : wis entek kasugihane.
Esuk dhele sore tempe : wong kang ora tetep atine (mencla mencle).
G
Gagak nganggo lar-e  merak : wong asor / wong cilik tumindak kaya wong luhur (gedhe).
Gajah alingan suket teki : lair lan batine ora padha, mesthi bakal ketara.
Gajah (nggajah) elar : sarwa gedhe lan dhuwur kekarepane.
Gajah ngidak rapah (godhong garing) : nerang wewalere dewe.
Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengahe : wong gedhe sing padha pasulayan, wong cilik sing dadi korbane.
Garang garing : wong semugih nanging sejatine kekurangan.
Gawe luwangan kanggo ngurungi luwangan : golek utang kanggo nyaur utang.
Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput : samubarang kang dikarepake ora bisa keturutan.
Gliyak-gliyak tumindak, sareh pakoleh : senajan alon-alon anggone tumindak, nanging bisa kaleksanan karepe.
Golek banyu bening : meguru golek kawruh kang becik.
Golek-golek ketemu wong luru-luru : karepe arep golek utangan malah dijaluki utang.
Gupak pulute ora mangan nangkane : melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake.
I
Idu didilat maneh : murungake janji kang wis diucapake.
Iwak lumebu wuwu : wong kena apus kanthi gampang.
J
(n)Jagakake endhoge si blorok : njagagake barang kang durung mesthi ana lan orane.
(n)Jajah desa milang kori : lelungan menyang ngendi-endi.
Jalma angkara mati murka : nemoni cilaka jalaran saka angkara murkane.
(n)Jalukan ora wewehan : seneng njejaluk ora seneng menehi.
Jati ketlusupan ruyung : kumpulane wong becik kelebon wong ala.
Jaran kerubuhan empyak : wong wis kanji (kapok) banget.
Jarit lawas ing sampire : duwe kapinteran nanging ora digunakake.
Jer basuki mawa bea : samubarang gegayuhan mbutuhake wragat.
Jujul muwul : perkara kang nambah-nambahi rekasa.
(n)Junjung ngetebake / ngebrukake : ngalembana nanging duwe maksud ngasorake.
K
Kacang ora ninggal lanjaran : kebiasa-ane anak nirokake wong tuwane.
Kadang konang : gelem ngakoni sedulur mung karo sing sugih.
Kala cacak menang cacak : samubarang panggawean becik dicoba dhisik bisa lan orane.
Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega : wong sing ora duwe papan panggonan.
Katepang ngrangsang gunung : kegedhen karep/panjangka sing mokal bisa kelakon.
Katon kaya cempaka sawakul : tansah disenengi wong akeh.
Kaya banyu karo lenga : wong kang ora bisa rukun.
Kakehan gludug kurang udan : akeh omonge ora ana nyatane.
Kabanjiran segara madu : nemu kabegjan kang gedhe banget.
Kebat kliwat, gancang pincang : tumindak kesusu mesthi ora kebeneran.
Kebo bule mati setra : wong pinter nanging ora ana kang mbutuhake.
Kebo ilang tombok kandhang : wis kelangan, isih tombok wragat kanggo nggoleki, malah ora ketemu.
Kebo kabotan sungu : rekasa kakehan anak / tanggungan.
Kebo lumumput ing palang : ngadili perkara ora nganggo waton.
Kebo mulih menyang kandhange : wong lunga adoh bali menyang omahe / asale.
Kebo nusu gudel : wong tuwa njaluk wulang wong enom.
Kegedhen empyak kurang cagak : kegedhen karep nanging ora sembada.
Kajugrugan gunung menyan : oleh kabegjan kang gedhe banget.
Kekudhung walulang macan : ngapusi nggawa jenenge wong kang diwedeni.
Kelacak kepathak : ora bisa mungkir jalaran wis kebukten.
Kena iwake aja nganti buthek banyune : sing dikarepake bisa kelakon nanging aja nganti dadi rame/rusak.
Kencana katon wingko : senajan apik nanging ora disenengi.
Kendel ngringkel, dhadang ora godak : ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho.
Kenes ora ethes : wong sugih amuk nanging bodho.
Keplok ora tombok : wong senengane komentar thok nanging ora gelem tumindak.
Kere munggah mbale : batur dipek bojo karo bendarane.
Kere nemoni malem : wong kang bedigasan / serakah.
Kerot ora duwe untu : duwe kekarepan nanging ora duwe beaya / wragat.
Kerubuhan gunung : wong nemoni kesusahan sing gedhe banget.
Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : nemoni cilaka kang ora kenyana-nyana.
Ketula-tula ketali : wong kang tansah nandang sengsara.
Kethek saranggon : kumpulane wong kang tindakane ala.
Kleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadhang : wong kang ora duwe panggonan sing tetep.
Klenthing wadah uyah : angel ninggalake pakulinan tumindak ala.
Kongsi jambul wanen : nganti tumekan tuwa banget.
Krokot ing galeng : wong kang mlarat banget.
Kriwikan dadi grojogan : prakara kang maune cilik dadi gedhe banget.
Kumenthus ora pecus : seneng umuk nanging ora sembada.
Kurung munggah lumbung : wong asor / cilik didadekake wong gedhe.
Kuthuk nggendhong kemiri : manganggo kang sarwo apik/aji liwat dalan kang mbebayani.
Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk : njarag marani bebaya.
Kuncung nganti temekan gelung : suwe banget anggone ngenteni. 
L
Ladak kecangklak : wong kang angkuh nemoni pakewuh, marga tumindake dewe.
Lahang karoban manis : rupane bagus / ayu tur luhur budine.
Lambe satumang kari samerang : dituturi bola-bali meksa ora digugu.
Lanang kemangi : wong lanang kang jireh.
Legan golek momongan : wis kepenak malah golek rekasa.
Lumpuh ngideri jagad : duwe karepan kang mokal bisa keturutan.
M
Maju tatu mundur ajur : perkara kang sarwa pakwuh.
Matang tuna numbak luput : tansah luput kabh panggayuhan.
Mbuang tilas : ethok-ethok ora ngerti marang tumindak kang ala sing lagi dilakoni.
Meneng widara uleran : katon anteng nanging sejatin ala atine.
Menthung koja kena sembagine : rumangsane ngapusi nanging sejatine malah kena apus.
Merangi tatal : mentahi rembug kang wis mateng.
Mikul dhuwur mendhem jero : bisa njunjung drajate wong tuwa.
Milih-milih tebu oleh boleng : kakehan milih wekasan oleh kang ora becik.
Mrojol selaning garu : wong kang luput saka bebaya.
Mubra-mubra mblabar madu : wong sing sarwa kecukupan.
N
Nabok anyilih tangan : tumindak ala kanthi kongkonan uwong liya.
Ngagar metu kawul : ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojoki ora mempan.
Ngajari bebek nglangi : panggawean sing ora ana paedahe.
Ngalasake negara : wong sing ora manut pranatane negara.
Ngalem legining gula : ngalembana kepinterane wong kang pancen pinter/sugih.
Ngaturake kidang lumayu : ngaturake barang kang wis ora ana.
Nglungguhi klasa gumelar : nindakake panggawean kang wis tumata.
Ngontragake gunung : wong cilik/asor bisa ngalahake wong luhur/gedhe, nganti gawe gegere wong akeh.
Nguthik-uthik macan dhedhe : njarag wong kang wis lilih nepsune.
Nguyahi segara : weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase.
Nucuk ngiberake : wis disuguhi mangan mulih isih mbrekat.
Nututi layangan pedhot : nggoleki barang sepele sing wis ilang.
Nyangoni kawula minggat : ndandani barang sing tansah rusak.
Nyolong pethek : tansah mleset saka pametheke/pambatange.
O
Obah ngarep kobet mburi : tumindake penggede dadi contone/panutane kawula alit.
Opor bebek mentas awake dhewek : rampung saka rekadayane dhewe.
Ora ana banyu mili menduwur : watake anak biasane niru wong tuwane.
Ora ana kukus tanpa geni : ora ana sbab tanpa akibat.
Ora gonjo ora unus : wong kang ala atine lan rupane.
Ora mambu enthong irus : dudu sanak dudu kadhang.
Ora tembung ora tawung : njupuk barang liyan ora kandha disik.
Ora uwur ora sembur : ora gelem cawe-cawe babar pisan.
Ora kinang ora udud : ora mangan apa-apa.
Othak athik didudut angel : guneme sajak kepenak, bareng ditemeni jebule angel.
P
Palang mangan tandur : diwenehi kapercayan malah gawe kapitunan.
Pandengan karo srengenge : memungsuhan karo penguwasa.
Pandhitane antake : laire katon suci batine ala.
Pecruk (manuk kag magan iwak) tunggu bara : dipasrahi barang kang dadi kesenengan.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan : wong ala dipasrahi barang kang aji, wekasane malah ngentek-entekake.
Pupur sadurunge benjut : ngati-ati sadurunge benjut.
R
Rampek-rampek kethek : nyedak-nyedak mung arep gawe kapitunan.
Rawe-rawe rantas malang-malang putung : samubarang kang ngalang-alangi bakal disingkirake.
Rebut balung tanpa isi : pasulayan merga barang kang sepele.
Rindhik asu digitik : dikongkon nindakake penggawean kang cocok karo kekarepane.
Rupa nggendhong rega : barang apik regane larang.
Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah : yen padha rukun mesti padha santosa, yen padha congkrah mesthi padha bubrah/rusak.
S
Sabar sareh mesthi bakal pikoleh : tumindak samubarang aja kesusu supaya kasil.
Sabaya pati, sabaya mukti : kerukunan kang nganti tekan pati.
Sadumuk bathuk sanyari bumi : pasulayan nganti dilabuhi tekaning pati.
Sandhing kebo gupak : cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala.
Satru mungging cangklakan : mungsuh wong kang isih sanak sedulur.
Sadhakep awe-awe : wis ninggalake tumindak ala, nanging batien isih kepengin nglakoni maneh.
Sembur-sembur adus, siram-siram bayem : bisa kalaksanan marga oleh pandongane wong akeh.
Sepi ing pamrih, rame ing gawe : nindakake panggaweyan kanthi ora melik/pamrih apa-apa.
Sing sapa salah bakal seleh : sing sapa salah bakal konangan.
Sluman slumun slamet : senajan kurang ati-ati isih diparingi slamet.
Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh : wong kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakoni.
T
Tebu tuwuh socane : prakara kang wus apik, bubrah marga ana sing ngrusuhi.
Tega larane ora tega patine : senajan negakake rekasane, nanging isih menehi pitulungan.
Tekek mati ing ulone : nemoni cilaka margo saka guneme dhewe.
Tembang rawat-rawat, ujare mbok bakul sunambiwara : kabar kang durung mesthi salah lan benere.
Timun jinara : prakara gampang banget.
Timun mungsuh duren : wong cilik mungsuh wang kuwat/panguwasa, mesthi kalahe.
Timun wungkuk jaga imbuh : wong bodho kanggone yen kekurangan wae.
Tinggal glanggang colong playu : ninggalake papan pasulayan.
Tulung (nulung) menthung : katone nulungi jebule malah nyilakani.
Tumbak cucukan : wong sing seneng adu-adu.
Tuna sathak bathi sanak : rugi bandha nanging bathi paseduluran.
Tunggak jarak mrajak tunggak jati mati : prakara ala ngambra-ambra, prakara becik kari sethitik.
U
Ucul saka kudangan : luput saka gegayuhane.
Ulat madhep ati manteb : wis manteb banget kekarepane.
Undaking pawarta, sudaning kiriman : biasane pawarta iku beda karo kasunyatane.
Ungak-ungak pager arang : ngisin-isini.
W
Welas tanpa lalis : karepe welas nanging malah gawe kapitunan.
Wis kebak sundukane : wis akeh banget kaluputane.
Wiwit kuncung nganti gelung : wiwit cilik nganti gedhe tuwa.
Y
Yitna yuwana mati lena : sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka.
Yiyidan mungging rampadan : biyene wong durjana/culika saiki dadi wong sing alim.
Yuwana mati lena : wong becik nemoni cilaka marga kurang ngati-ati.
Yuyu rumpung mbarong ronge : omahe magrong-magrong nanging sejatine mlarat.

SANEPA

01. Abang dluwang (putih/pucęt bangęt)
02. Abót kapúk (entheng bangęt)
03. Abót męrang sagędhęng (entheng bangęt)
04. Agal glepúng (lumer bangęt)
05. Aji gódhóng garíng (ora ĺnĺ ajiné)
06. Amba gódhóng kélór (ciyút bangęt)
06. Antęng kitiran (polah ora karuwan)
07. Arang kranjang (kęręp bangęt)
08. Arang wulu kucing (akeh/kerep bangęt)
09. Arúm jamban (bangęr bangęt)
10. Atós dębóg (ęmpuk bangęt)
11. Bantęr kéyong (alon bangęt)
12. Bęning lęri (buthęg bangęt)
13. Bénjo tampah (bundęr bangęt)
14. Brintík linggís (lurús/kaku bangęt)
15. Dhuwúr kęncúr (ęndhek bangęt)
16. Gędhe guręm (cilík bangęt)
17. Jęro tapak męri (cęthek bangęt)
18. Kandęl kulít bawang (tipís bangęt)
19. Kędhep tęsmak (jingglęng/męnthęlęng)
20. Kuníng silít kwali (iręng bangęt)
21. Kuru semangka (lęmu bangęt)
22. Landhęp dhęngkúl (kęthúl bangęt)
23. Lęgi bratawali (pait bangęt)
24. Lęmęs pikulan (kaku bangęt)
25. Lónjóng mimís (mlayu)(bantęr bangęt)
26. Pait madu (lęgi bangęt)
27. Pęręt bęton (lunyu bangęt)
28. Ręsík pęcęren (ręgęd bangęt)
29. Rindhík asu digitík (cępęt bangęt)
30. Suwé banyu sinaring (cępęt bangęt)
31. Suwé mijęt wóhing ranti (cępęt bangęt)

SALOKA

Asu belang kalung wang
:
Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe
:
Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong
:
Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite
:
Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu
:
Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis
:
Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton
:
Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang
:
Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak
:
Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang
:
Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
:
Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu
:
Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug
:
Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti
:
Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak
:
Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki
:
Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah
:
Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah
:
Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh
:
Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh
:
Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu
:
Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung
:
Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak
:
Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran
:
Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra
:
Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang
:
Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu
:
Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange
:
Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel
:
Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale
:
Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon
:
Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin
:
Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan
:
Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk
:
Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis
:
Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang
:
Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan
:
Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek
:
Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur
:
Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara
:
Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan
:
Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan
:
Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba
:
Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone
:
Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup
:
Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren
:
Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh
:
Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
:
Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge
:
Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.

WANGSALAN

1. Wangsalan padinan
Isih enom kok njangan gori. (jangan gori = gudheg)
Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)
We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)
Ya, aku gelem, nanging balung jagung lho! (balung jagung=janggel)
Wah, sajake lagi nglapa mudha. (klapa mudha = degan)
Kowe iku, kok mung mutra bebek. (putra bebek = meri)
Jenang gula, Mas, welingku wingi! (jenang gula = glali)
Dheweke lagi madder bungkuk. (wader bungkuk = urang)
Anggone nyambut gawe mung nguler kambang. (uler kambang = lintah)
Wong mung guyon wae kok njur mentil kacal. (pentil kacang = besengut)
Wah, nyega mambu. Aja ngono, Yu! (sega mambu = amer)
Jenang sela, Mas. Kula boten mampir. (jenang sela = apu)
Lha rak mbalung ula, apa-apa dipangan! (balung ula = gragasan)
2. Wangsalan kang rinacik ukara
Ayam wana, ywa nasar tindak dursila. (bekisar)
Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada)
Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)
Balung ula, dakgagas gawe rekasa. (gragasan)
Bebek rawa, yen uwis enggal mrenea. (mliwis)
Cagak griya, tan yogya duhka nastapa. (saka)
Carang wreksa, nora gampang nganggit ukara. (pang)
Cecak toya, aja mingkar ing ubaya. (baya)
Cubung wulung, asiha maring sasama. (tlasih)
Damar mancung, cupet temen nalarira. (upet)
Dewanata, saru temen tindakira. (Guru)
Doming jala, aja seneng coba-coba. (coba)
Dhadhung peksi, mangsa kala tindak mriki. (kala)
Enthong palwa, tindak salah tanpa prayoga. (welah)
Gayung sumur, amba sadermi umatur. (timba)
Gelang sweda, yen lali nuli elingna. (ali-ali)
Gender wreksa, bobot timbang aneng sira. (gambang)
Impen nyata, bandara asing mring amba. (daradasih)
Jae wana, poyang-paying solahira. (lempuyang)
Jalak pita, adhang-adhang sihing bapa (podhang)
Jamang wakul, aja kurang ing pamengku. (wengku)
Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa. (kethek)
Kapi kresna, wong petung nora prayoga. (lutung)
Kasut wreksa, paran bayan wartanira. (gamparan)
Kawi sekar, kang sregep ngapus pustaka. (puspa)
Kawis wana, budi alus tur prasaja. (maja)
Kendhal jeram, mangga sareng uluk salam. (sereng)
Kendhal pipa, klelat-klelet tan prayoga. (klelet)
Kendhal teko, sun anti tan teka-teka. (weka)
Kelor wana, aja eru mring bandara. (weru)
Kukus gantung, sawangane sajak bingung. (sawang)
Laler gora, watak wengis tan utama. (pitak)
Macan wisma, memancing tindak duraka. (kucing)
Mendhung seta, lega legawaning driya. (mega)
Menyan seta, tuwas tiwas labuh nyawa. (tawas)
Nata mudha, kepati sengseming driya. (adipati)
Ombak agung, pakulun nyuwun panggunggung. (alun)
Pandhan wisma, ati panas tan saranta. (nanas)
Pandhu putra, den tata sabarang karya. (Puntadewa)
Peken alit, pangajab mangsa wurunga. (warung)
Pucang wana, dhang-dhang sihing bandara. (sadhang)
Roning kamal, mumpung anom sing tawakal. (sinom)
Sarpa kresna, mung andika sun pracaya. (dumung)
Sarung jagung, abot entheng wani tanggung. (klobot)
Taji kisma, sun kudang dadi sujanma. (luku)
Udan riris, sugih miskin wis ginaris. (grimis)
Uler kambang, amba titah mung cumadhang. (lintah)
Ula langking, ngumungna kabeh piweling. (dumung)
Yuyu agung, pinething dadya tumenggung. (kepithing)
3. Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane.
Tualadha:
Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma)
Sawangane, narima asrah ing jiwa.
Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak)
Den rinasa, tindak mamak tan prayoga.
Ari Sena, Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara)
Puji arja, mrih antuk sihing bandara.
Balung pakel, gendheyo sisaning kalong. (pelo; sontrot)
Kari loke, ketanggor padha jarote.
Bayem harda, hardening ngrasuk busana. (lateng; besus)
Mari anteng, besuse kaya katara.
Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. (pang; pati urip)
Nora gampang, wong urip ing alam donya.
Cubung wulung, wulung wido mangsa rowang. (tlasih, alap-alap)
Asiha, alapen badan kawula.
Durna putra, putra-putri ing Mandura. (Aswatama; Sumbadra)
Janmotama, pinuji sinuba-suba.
Dhikir Buda, Buda Manis yen jinarwa. (puja; Rebo Legi)
Amemuja, mbeboleh margane begja.
Gayung sumur, kewan gung granane dawa. (timba; esthi)
Aja kemba, mangesthi saliring karya.
Jarwa palwa, palwa kandheg ing samodra. (prau; labuh)
Prasajaa, nglabuhi tindak utama.
Jenang sela, sela lembat ing narmada. (apu; wedhi)
Den pepundhi, wulang wuruking pandhita.
Kukus gantung, taru wilis lalap tedha. (sawang; luntas)
Sun sesawang, cah sigit ngentasi karya.
Kolik priya, priya tinilar kang garwa. (tuhu; dhudha)
Lamun tuhu, pepadha tresna ing kalbu.
Kresna putra, putrane sang Dananjaya. (Samba; Abimanyu)
Sing sambada, nyenyuwun maring Hyang Suksma.
Kroncong asta, pithing alit welut wana. (gelang; ula)
Ja sumelang, cah ayu sun ela-ela.
Lembu rekta, kucing gung saba ing wana. (bantheng; sima)
Pathenthengan, ulahing janma brangasan.
Mamet tirta, tirta manis wit kalapa. )ngangsu; legen)
Suka rena, kalegan ancasing driya.
Medhar sabda, sabda kang kladuk sudira. (guneman; wani)
Den tumanem, memuni wedharing cipta.
Marga tirta, tirta mijil ing sarira. (urung-urung; kringet)
Jinurungna, kriya kridhaning wardaya.
Nata dewa, dewa kang sirah dipangga. (Pramesthi; Gana)
Mangesthia, tindak-tanduking sujana.
Ngreka puspa, puspa seta rum gandanya. (nggubah; mlathi)
Nggubah basa, basa pangesthining rasa.
Ngreka wreksa, wreksa langking sisa agni. (ngukir; areng)
Lenging piker, binareng krenteging ati.
Petis manis, sarining kaca benggala. (kecap; banyu rasa)
Aja ngucap, yen durung tunggal sarasa.
Pita jarwa, jarwane tembung usada. (kuning; tamba)
Ninging cipta, sinuba ing rasa mulya.
Rema seta, wanara raja Kiskendha. (uwa; Sugriwa)
Pra wanita, den asih tresna ing garwa.
Saron bumbung, bumbung lit sumbering swara. (angklung; suling)
Cecengklungen, ngeling-eling mring paduka.
Sarpa kresna, arine raja Ngalengka. (dumung; Kumbakarna)
Mung andika, sun pinta ngentasi karya.
Sendhang arga, arga geni lor Ngayoja. (tlaga; Merapi)
Mangga-mangga, api-api tan uninga.
Sopir kreta, kreta muluk ing gagana. (kusir; motor mabur)
Siring nala, ambudi suburing praja.
Teken palwa, palwa agung manca nagari. (satang; sekoci)
Nora ngetang, lara lapa saben wanci.
Tepi wastra, wastra tumrap pranaja. (kemadha; kemben)
Tanpa tidha, saben ari nambut karya.
Uler toya, toya mijil saking netra. (lintah; eluh)
Satitahe, uger nora ngluh ing driya.
Uwi wana, wana kang wus tinarbuka. (gadhung; talun)
Adol gendhung, angelun isining donya.
Wohing tanjung, wanara anjani putra. (kecik; Anoman)
Becik apa, wong anom suthik rekasa.
Welut wana, walang wilis sabeng arga. (ula; gambuh)
Atur kula, anggambuh mring Hyang Wisesa.
We ing wreksa, wreksa kang rineka janma. (tlutuh; golek)
Wus kapatuh, mbudidaya golek praja.
4. Wangsalan sinawung ing tembang
Sinom
Jamang wakul Kamandaka,
kawengku ing jinem wangi,
kayu malang munggeng wangan,
sun wota sabudineki,
roning kacang wak mami,
yen tan panggih sira nglayung,
toya mijil sing wiyat,
roning pisang leash ing wit,
edanira tan waras dening usada.
(Babad Pasir: IV.4)
Kinanthi
Sastra pangandheging kidung,
sudarma Basudewaji,
ngestu pada mring kusuma,
manjanma ping sakethi,
pusara pangiket gangsa,
tumutur tan sedya kari.
(Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11)

DASANAMA

anak
:
atmaja, putra, siwi, sunu, suta, yoga
angin
:
bajra, bayu, maruta, pawana, samirana, sindung riwut.
ati
:
driya, galih, manah, nala, kalbu, prana, tyas, wardaya.
awak
:
angga, badan, salira, sarira, raga.
bapak
:
bapa, sudarma, sudarmi, rama, yayah
banyu
:
her, warih, ranu, sindu, tirta, we, jala
bodho
:
blilu, dama, mudha, kumprung, koplo, jugul, pengung, punggung
bumi
:
bantala, bawana, buwana, basundara, jagad, mandhala, pratala, paratiwi, siti, kisma
buta
:
asura, danuja, denawa, ditya, diyu, raseksa, yaksa, wil
dalan
:
delanggung, enu, gili, lurung, marga, margana, sopana
dewa
:
apsara, apsari, bathara, dewata, sura, hyang, jawata, widadara
gajah
:
asti, dipa, dwipangga, dirada, esthi, liman
gawe
:
kardi, karya, karti, yasa
geni
:
agni, api, apyu, brama, dahana, pawaka
getih
:
ludira, marus, rah, rudira
gunung
:
aldaka, ancala, arga, ardi, giri, himawan, meru, parwata, prabata, wukir
ibu
:
biyang, biyung, indhung, puyengan, rena, umi, wibi
ireng
:
cemani, cemeng, jlitheng, kresna, langking
iwak
:
matsura, mina, ulam
jaran
:
aswa, kapal, kuda, turangga, undhakan, wajik
jeneng
:
asma, aran, jejuluk, rum-rum, wewangi, tetenger
kali
:
lepen, narmada
kaya
:
kadi, kadya, lir, mimba, pendah, pindha
keris
:
curiga, cudrik, katga, patrem
kethek
:
juris, kapi, palwaga, rewanda, wanara, wre
kreta
:
rata, ratangga, pedhati, wirnana, yana
kraton
:
dhatulaya, kedhaton, pura, puri
kuning
:
jenar, kapuranta, pita
lanang
:
jaler, jalu, kakung, priya
langit
:
akasa, antariksa, awang-awang, bomantara, dirgantara, gegana, jumantara, tawang, widik-widik, wiyati, wyat
lara
:
gerah, gering, roga, sakit
lintang
:
kartika, sasa, sasadara, sudama, taranggana, wintang
macan
:
sardula, sirna
manuk
:
kaga, kukila, paksi, peksi
mata
:
eksi, mripat, netra, paningal, soca
mati
:
antaka, ngemasi, lalis, lampus, layon, lena, murud, palastra, seda
mayit
:
bangke, jisim, kunarpa, kuwandha, sawa, wangke
misuwur
:
kajuwara, kaloka, kalok, kawardi, kawentar, kaonang-onang, kombul, kondhang, kongas, kontap
omah
:
graha, panti, wisma, yasa
padu
:
crah, congkrah, kerengan, padudon, sulaya
panah
:
astra, bana, jeparing, naraca, sara, warastra
pandita
:
ajar, dwija, dwijara, maharsi, resi, wiku, wipra, yogiswara
peni
:
apik, becik, edi, endah
perang
:
yuda, jurit, laga, pupuh, rana, branta yuda
pinter
:
guna, lebda, limpat, wasis, widagda, widura, wignya
ratu
:
aji, buminta, bumipala, dhatu, katong, naradipa, narpati, narendra, nareswara, nata, raja, sri, sribupati
rembulan
:
badra, candra, sasadara, sasangka, sasi, sitaresmi, sitengsu, wulan
sedih
:
dhuhkita, kingkin, rudhatin, rudhita, sungkawa, susah, tikbra, turidha, wigena
segara
:
ernawa, jalanidhi, jaladri, samudra, tasik
slamet
:
basuki, raharja, rahayu, swasta, yuwana, widada
srengenge
:
arka, aruna, bagaskara, bagaspati, baskara, diwangkara, pratangga, pratanggapati, pratanggakara, radhite, raditya, rawi, surya
ula
:
sarpa, sawer, naga, taksaka
wadon
:
dayinta, dyah, estri, juwita, kusuma, retna, rini, wanita, wanodya, gini, putri
weruh
:
anon, priksa, udani, upiksa, uninga, wikan, wrih
wicara
:
catur, gunem, ucap, uni
wong
:
jalma, jana, janma, manungsa, manus, nara

KERATA BASA

anak
:
kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak
:
bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur
:
ngembati (nindakake) pitutur
bocah
:
mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat
:
apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir
:
nyancang pikir
cengkir
:
kencenging pikir
Desember
:
gedhe-gedhene sumber
dongeng
:
dipaido ya keneng (kenging)
garwa
:
sigarane nyawa
gedhang
:
digedeng yen bar madhang
gelas
:
yen tugel ora kena dilas
gerang
:
segere wis arang-arang
guru
:
digugu lan ditiru
Januari
:
hujan sehari-hari
jaka
:
apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji
:
tekade mung siji
kathok
:
diangkat mbaka sitok
kodhok
:
teka-teka ndhodhok
kutang
:
sikute diutang
krikil
:
keri ing sikil
kuping
:
kaku tur njepiping
kupluk
:
kaku tur nyempluk
kursi
:
mungkur anggone ngisi
mantu
:
dieman-eman meksa metu
maratuwa
:
mara-mara bereng wis tuwa
piring
:
sepi yen miring
prawan
:
yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh
:
sebdane ampuh
semah
:
isen-isenne umah
sirah
:
isine rah (getih)
siti
:
isi bulu bekti
sopir
:
yen ngaso padha mampir
sruwal
:
saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur
:
olehe nata karo mundur
tapa
:
tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub
:
ditata supaya katon murub
tebu
:
anteping kalbu
tuwa
:
ngenteni metune nyawa
wanita
:
wani ditata
wedang
:
ngawe-awe kadang
weteng
:
ruwet tur peteng